Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts
Showing posts with label Bahasa Jawa. Show all posts
Pangerten/Definisi Cerkak, Nilai-nilai lan Tuladhane

Pangerten/Definisi Cerkak, Nilai-nilai lan Tuladhane

Pangerten/Definisi Cerkak Bahasa Jawa, Nilai-nilai Cerkak lan Contoh/Tuladhane � Hai sobat, jumpa lagi di blog ini. Kita akan belajar Bahasa Jawa tentang Cerkak. Cerkak sendri dalam bahasa Indonesia adalah Cerpen (Cerita Pendek). Berhubung ini pelajaran Bahasa Jawa, seperti biasa kami akan menggunakan dialeg khas Banyumas, yaitu Bahasa Bahasa Jawa Ngapak Banyumasan. Yuk langsung saja simak ulasannya !

Pengertian Cerkak, Nilai-nilai lan Tuladhane
Pengertian Cerkak, Nilai-nilai lan Tuladhane

Apa kuwe cerkak ? Cerita cekak utawa cerkak yaiku salah sawijining karya sastra sing sering kita temoni neng werna-werna media massa. Nanging apa sebenere cerkak miturut ahli ?

Neng ngisor kiye ana panemu babagan apa cerkak kuwe :
  • Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI)
Cerita tegese tuturan sing dijlentheraken kepriwe kedadeyane sawijining bab/masalah, dene cekak tegese ora dawa (kurang sekang 10.000 tembung) sing aweh kesan tunggal sing dominan lan musataken neng salah sawijining tokoh neng sajroning kahanan utawa sawijining wektu (1988 : 165).
  • Susanto teng salebeting Tarigan (1984 : 176)
Cerita cekak yakuwe cerita sing dawane sekitar 500 tembung utawa kira-kira 17 kaca kuarto spasi loro sing terpusat lan lengkan neng awakke dhewek.
  • Sumardjo lan Saini (1997 : 37)
Cerita cekak yakuwe cerita sing fiktif (ora bener-bener kedadeyan), nanging bisa uga kedadeyan ngendhi bae lan kapan bae, sarta ceritane biasane cekak.
  • Miturut SiswaMaster.com
Cerkak yakuwe cerita sing ora dawa banget lan bisa diwaca sepisan rampung, umume dijikot sekang kedadeyan neng masyarakat sekitar (bisa nyata bisa ora) lan dhuweni pesan moral sing becik kanggo pemaca.

Kesimpulane cerita cekak yakuwe tulisan utawa karangan sing ngandhut pitutur, dhuweni sipat fiktif sing nyeritakaken sawijining kedadeyan neng sajroning uripe tokoeh, ceritane relatif cekak nanging padhet.

Apa bae sing mbangun cerkak ? Cerkak dibangun sekang rong unsur, yakuwe unsur ekstrinsik lan ekstrinsik. 

Terus, apa kuwe pengertian unsur ekstinsik lan intrinsik ?

Unsur ekstrinsik yakuwe unsur sing mbangun sekang njaba, kayata alesaning digawene cerita, sejarah, biografine si pengarang lan liya-liyane. Menawa unsur intrinsik yakuwe unsur-unsur sing mbangun sekang njero kayata tema, alur, penokohan, latar, sudut pandang, amanat, lan basa fifuratif.

Nalika kita maca cerkak utawa karya sastra liyane, kita bisa nggoleti nilai-nilai ing kakandhut neng sajroning cerita. Nilai-nilai neng sawijining karya sastra kurang luwieh ana 5 (lima) yakuwe :
Nilai Sosial

Diarani ngandhut nilai sosial menawa neng carios kuwe ana interaksi utawa hubungan antarane tokoh siji karo tokoh liyane.

#1. Nilai Agama

Ngandhut nilai agama menawa neng cerita ana ajakan maring pemaca utawa neng sajroning cerita kanggo ningkataken/nggindhakaken imane.

#2. Nilai  Moral

Nilai moral bisa dideleng sekang tindhak-tandhuke tokoeh. Diarani ngandhut nilai moral menawa neng cerita kuwe ana ewah-ewahan tindhak-tandhuk tokoeh sekang ora apik/bener dadi apik/bener. Utawa ngandhut ajaran moral kanggo neng sajroning cerita lan kanggo sing maca.
#3. Nilai Pendidikan
Ngandhut nilai pendidikan, menawa ana ewah-ewahan pengetahuan tokoh utawa sing maca, sekang ora ngerti dadi ngerti, utawa sekang ora bisa dadi bisa.
#4. Nilai Budaya 

Nilai budaya bisa dedeleng sekang anggone para tokoh, omong-omongan lan nganggo klambi.
Sawijining cerita ora mesthi ngandhut nilai neng ndhuwur, nangin gora nutup kemungkinan sekang sawjining cerita ngandhut kabeh lima nilai mau. Supaya luwih paham, dhewek nyajikna cerkak kayata ngisor iki :

Sepasar Bubar

Cariyosipun : Somdani

�Awake dhewek kiye kudu duwe cara�, Kandhane Sondremo marang Suliyem bojone. �Nek ora nganggo cara, bocahe lanang mesthi ora gelem ! Jalaran anakmu Parjini kuwe rupane kurang ayu ! Wis ping pira dheweke ditontoni bocah lanang, nyatane kabeh padha nampik, alesane werna-werna.....�

�Terus priwe carane, pak ? �, Pitakone sing wadon.

�Kaya kie...Suk Setu Legi kuwe rak bocah lanange arep dolan ngeneh. Lha dina kuwe Parjini kongkonen dolan dhisit. Mengko yen bocahe lanang sida teka, Sutini bae sing diprentah ngetokake wedang. Bocahe ora usah dikandhani nek kuwe ngwakili mbekayune. Wis mudeng durung karepku ?�

Suliyem manthuk tandha wis ngerti marang karepe sing lanang. Nanging meksa ngajokake pitakon marang bojone kuwe.

�Lha mbesuk nek ditemukaken, terus pengantene lanang ngerti sing ditemukaken dudu sing ditontoni kepriwe pak ?�

�Ngana kuwe ora masalah. Lha kae, Carike Dariman kae ganu ya dilombo. Sing ditontoni adhine, barang dadi penganten jebul olih mbekayune. Ya ora apa-apa, wong wis kebanjur. Seprene ya apik-apik bae!�

�Kuwe kan nek bocah lanange wis trima. Sing dijagani kuwe nek bocahe lanang ora trima, trus banjur ora gelem rukun ! �

�Gelem bae, wong wis terlanjur ditemukaken ! Wis ta, percaya aku !�

�Ya wis Pak, nek karepmu kaya kuwe, aku mung manut sampeyan !�

Bubar kuwe, Sondremo ngathak marani Mokerto, bekas maling sing siki malik dadi dukun penganten. Mokerto diweling, supaya ora mbocorake rahasia kuwe. Kandhane setengah bisik-bisik.

�Kowe ngerti dhwek ta Mo, Parjini kuwe wis ping bola bali ditontoni bocah lanang, nanging kabeh padha ngemohi ? Mula pisan kiye arep tek rencana. Suk Setu Legi kuwe sing tek akon metu ngetokaken wdang Sutini, adhine Parjini kae....!�

�Ngaten nggih sae kang, amrih dadose,� Wangsulane Mokerto.

�Ning kowe aja ngomong sapa-sapa, lho ! Luwih-luwih kandha maring calon pengantene lanang kuwe. Mbesuk aku ya ngerti �

Bersambung.....

*Akan di update segera*

Read More
Ciri-ciri Cerkak Bahasa Jawa

Ciri-ciri Cerkak Bahasa Jawa

Ciri-ciri Cerita Cekak (Cerkak) dalam Bahasa Jawa dan Penjelasannya � Berhubung ini adalah materi peajaran Bahasa Jawa, maka akan lebih baik jika pembahasan kali ini juga menggunakan ragam Bahasa Jawa. Dengan begitu, secara tidak langsung kita sudah belajar sedikit mengenai Bahasa Jawa itu sendiri. Setuju ?

Ciri-ciri Cerkak Bahasa Jawa
Ciri-ciri Cerkak Bahasa Jawa


Kalau setuju, saya akan menjelaskan ciri-ciri cerkak dengan Bahasa Ngapak. Apa itu bahasa ngapak ? Ya, Bahasa Ngapak adalah Bahasa Jawa yang digunakan dalam dialeg orang-orang di wilayah Banyumas. Maklum saya orang Banyumas. 

* Bahasa ngapak juga identik dengan bahasa ngoko lugu *

Oke langsung saja, berikut penjelasannya....

Ciri-ciri Cerkak Bahasa Jawa dan Penjelasannya


Apa kue cerkak ? Cerkak utawa Cerita Cekak yaiku cerita sing isine ringkes karo padet lan ora akeh alur ceritane.

Sampeyan bisa maca lewih lengkap neng kene : Pengertian dan nilai-nilai cerkak bahasa jawa

Ciri-cirine cerkak yaiku :

1. Ceritane cekak utawa ringkes

Bisa dijenengi cerkak yen ceritane kue ora dawa-dawa, ringkes lan padet. Kira-kira dawane sekitar 500 tembung utawa ora ngasih 10000 tembung (kata). Sebab ceritane ringkes, mesti ceritane kue ora kakehen sengek, ora akeh tetek mbengeke (tidak basa basi).

2. Dhuweni sipat rekaan/fiktif

Cerkak uga due sipat fiktif utawa ora bener-bener kedadeyan nang alam dunya. Dadi cerkak bisa digawe ora karo kisah nyatane wong, bisa digawe seolah-olah ceritane kue bener-bener kedadeyan. Padahal ora kedadeyan babar blas.

3. Sipate naratif

Paragraf sing nyeritakna kedadeyan lan kedadeyane miturut urut-urutan wektu (kronologi).

4. Umume ana gegayutane karo lelakone manungsa

Cerkak uga umume akeh banget gegayutane karo lelakone manungsa. Apa bae sing dilakokna manungsa uga bisa didadikna  cerita sing apik.

5. Dhuweni kesan tunggal

Kesan tunggal iki kayata musataken salah sawijining tokoh nang tiap-tiap alure, neng sajroning kahanan utawa nang sawijining wektu.

6. Bahasane landhep/tajam, sugesti lan narik kawigaten

Bahasa cerkak umume landhep, sugesti lan narik kawigaten. Maksude bahasane kue to the point (ora bertele-tele), nduweni ciri kebahasaan sing mampu mbayangna salah sawijining cerita. 

Lan maksud narik kawigaten yaiku bisa nggawa suasana pemaca maring cerita kue, arep kue ceritane sedih, seneng, medeni lan liya-liyane. Intine bisa gawe pamaca seneng marang cerita, amarga bahasa sing ditulisna penulis kue apik lan menarik. 


Ringkesan :

Ya, cerkak (cerita cekak) ndhuweni ciri-ciri yaiku ceritane ringkes, ndhuweni sipat naratif, ndhuweni sipat rekaan/fiktif, ndhuweni kesan tunggal, ana gegayutane karo lelakon manungsa, ndhuweni kesan tunggal, bahasane landhep lan narik kawigaten.

Oke, salam wong Banyumas !
Read More